kantor pos
Kantor Pos
Kantor Pos kang ana ing Yogyakarta
Kantor pos yaiku panggonan kanggo ngirimaké layang lan paket pos.[1] Kantor pos uga dodol barang-barang pos lan filateli kayata prangko, kertu pos, amplop, lan peralatan kanggo mbungkus pakét.[1] Ing negara-negara tartamtu, kantor-kantor pos nduwéni fungsi dadi papan panggonan kanggo nampa aplikasi paspor, ngirim weselpos utawamoney order, dodol asuransi, pesen barang lan layanan giropos lan perbankan.[1] Ing Indonésia kantor pos uga dodol materai témpél lan dadi panggonan kanggo mbayar listrik utawa tagihan telpon.[1]
Ing jero kantor pos ana akeh lokét kang dibagi miturut jinisé layangan, kayata loket kanggo ngirim surat ing saknegara, loket surat kang dikirim ing luar negeri, lan lokét wésel pos. [1]Ing ruangan kantor pos ana meja-meja kang ing dhuwure ana bolpen lan potlot, lem, utawa karét busa kang ditelesi nganggo banyu.[1] Wong kang nggunakaké jasa pos uga kena nganggo méja kanggo nulis lan kanggo nyiapaké surat lan paket kang bakal dikirim.[1] Ing kantor pos ana kotak pos kanggo diséwa individu utawa wong kang nduwé bisnis kang ora kepengin ngumumaké alamaté kanthi jelas utawa kang manggon ing panggonan kang ora bisa dijangkau karo layanan pos.[1] Ing ruangan mburi kantor pos ana ruangan sortir kanggo milah-milah surat sadurungé dikirim ing kantor pos kang luwih gedhé utawa diteraké ing alamat kang dituju.[1]
Ing sistem layanan Pos Indonesia, kantor pos uga diiwangi bis surat lan bagéyan layanan kayata pos keliling ing kutha utawa désa.[2] Kantor pos uga nduwéni layanan kanggo nyewakaké komputer kang bisa nyambung karo internet.[2] Kantor pos uga nyediakaké layanan tiket kereta api.[2]
Bab lan Paragraf
1 Deleng uga
1.1 Layanan pos ing negara
2 Pranala njaba
3 Cathetan Suku
Deleng uga
Pos Indonesia
Kodhe pos
Sahabat pena
Layanan pos ing negara
An Post (Irlandia)
Post Office Ltd (Britania Raya)
United States Postal Service
Canada Post
Deutsche Post
Universal Postal Union
Australia Post
New Zealand Post
Japan Post
Pranala njaba
Pos Indonesia
Facebook Pos Indonesia
Follow @PosIndonesia on Twitter
Universal Postal Union
The British Postal Museum & Archive
United States Postal Service
United Kingdom Post Office
Foto kantor pos di Amerika dan berbagai negara di dunia